![]()

Upacara Pelantikan Tanda Kecakapan Khusus
Kalibening. Dinten setu, 11 Nopember 2023 wonten kegiatan Pelantikan Tanda Kecakapan Khusus ( TKK ) Tingkat Purwa gerakan Pramuka SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara. Wonten 15 siswa ingkang nampi TKK Udakara 3 minggu uji SKK kanthi jawab prekawis ingkang dibetahaken, Kedah jumbuh kaliyan kekarepan. Anggota kesebat dipun aos kagungan tumindak ingkang luhur, kesetiaan, keaktifan, lajeng kewantunan ingkang langkung cekap nggina kagem kewigatosan ugi kewasisan kepramukaan.
Uji SKK boten namung mangsuli pitakon saking penguji, nanging ugi Prelu ngempalaken portofolio kangge nambah seserepan ugi gladhen kewasisan. Pradana Putra, M. Nauval Nawaal Mafazi ngaturaken menawi ekstra pramuka dados sarana kangge nambah pengalaman kang jumbuh kaliyan Tri satya kaliyan Dasa darma. Tri tegese telu. Satya tegese janji. Dasa tegese sepuluh. Darma tegese kesaenan. Menawi Tri satya kaliyan dasa darma katindakake kanthi sae, siswa gadhahi keterampilan sae ugi saged ndamel karakter luhur.
Pradana Putri, Fadhilah ugi nambahi Pramuka minangka garda pangarep tumindak dandosi ajining siswa. Jroning sesrawungan ing bebrayan, tumindak dados bab wigati tumrape siswa. Mula saka iku, wigati sanget tumrap siswa saged milih, milah, identifikasi anggone matur kangge njangkepi seserepan uji SKK. Sesampunipun upacara pelantikan diterasaken kegiatan pionering lajeng dinamika kelompok.
Katulis dening : Sakia Ramadhani minangka njangkepi tugas basa Jawa nulis pawarta